TULUP JONGGRANG

Dilangsir dari http://www.mail-archive.com/itb@itb.ac.id/msg32604.html

TULUP JONGGRANG

   Perange bocah-bocah ing
   wewengkon Kali Papah
   saben sore blusukan
   aneng pinggir sawah
   perang-perangan
   nganggo tulup isi wong jonggrang
   yen kena awak dadi gatal abang-abang
   tobil tobat seminggu lagi bisa ilang.

   Isih cilik wis latihan perang
   gawe cilakaning liyan
   senajan ta mung nganggo wong jonggrang
   besuk yen gedhe dadi tentara
   dikirim neng medan tenan
   lakune ya ora beda cilikane
   tansah gawe sengsara pepadhane
   embuh bocah embuh wong tuwa
   yen dianggep mungsuh ya kudu dibedhil
   sithik sing duwe asih
   nenteng bedhil sadalan-dalan
   kemaki rumangsa wis isa dadi kompeni.

   Yen dadi politisi
   ya padha wae, ora kenal jeneng mitra kanca
   sikap curiga kudu ditrapke sapa wae
   dhemi interes golek kursi
   ora dienggo lungguh ngrungokke gawe bekti
   nanging malah dienggo pongah ngumbar srakah.

   Yen dadi politisi
   ya padha wae, ora kenal jeneng mitra kanca
   sikap curiga kudu ditrapke sapa wae
   dhemi interes golek kursi
   ora dienggo lungguh ngrungokke gawe bekti
   nanging malah dienggo pongah ngumbar srakah.

   Wong jawa wis kelangan tembung kanca
   wis mbuwang adoh tembuh sedulur
   wis emoh nguripi dalan sampurna
   dadi manungsa utama.

   Juli 15, 2002
   T.L.

Tinggalkan sebuah Komentar